sawangan

sawangan
joglo

Sabtu, 11 Juni 2011

sinau

Mikul Dhuwur Mendhem Jero
yen ono sing apek soko liyan di gungke, yen ono olone liyan ojo diketokne marang liyane.
opo maneh marang wong tuwo, kudu luwih maneh timbang marang liyan
sing becik becik ditularne ben iso digawe tulodho
sing olo ojo nganti diduduhne karo wong liyo
pesene simbah ndek biyen, becik ketitik olo ketoro
dadi yen olo mesthi katon, ora usah di ketokne mesthi mengko katon dhewe sing luwih becik awake dhewe dadi wong sing becik ra usah ngomongke olone liyan opo maneh olone wong tuwo.......
dadi wong becik yo akeh godhane, kudu kuwat atine nyekeli sing dadi kautamane wong becik
dadi wong becik kuwi durung mesthi mulyo, yen nganggo ukurane manungso sing luwih penting nggoleki mulyo ing ngarsaning gusti ingkang gawe jagat iki
pancen wes dadi garise menungso kuwi mengko akeh sing olo ketimbang sing becik, amargo soko kuwi awake dhewe kudu awakmu milih sing ndi

Tidak ada komentar:

Posting Komentar